Tuesday, May 26, 2015

Kumpulan Cerita Wayang Berbahasa Jawa


Cerita wayang Ramayana : Sintha Kandhusta


Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.


======================================================================================

Dewi Kunthi


Miturut Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Ana ing pewayangan, Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik deweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo Resi Druwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disanguni mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing mampu nyepaki Bhatara Surya.Kamangka kuwi Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi isih dilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kanggo nemtukake sapa kang bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake saymbara "Giri Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngerti yen anake ngandhut. apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa. amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji Pameling" kanggo ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi.amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat talinga. Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi mau diwenehi jeneng "Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi mau ditemu Kusir Kreta Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perang tandhing sing digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap sumpah ora bakal nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu sing telat teka ing acara sayembara. Pandu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur dipasrahake.Kanggo ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandu.
Ana ing tengah ndalan nalika bali ning Ngastina, Pandu ketemu dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, sing sajake uga pingin milu sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang perang tandhing nglawan Pandu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.
Raden Pandu bali ing Ngastina nggawa telung putri. sawise tekan kraton, Pandu banjur masrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa. sabanjure Wiyasa dawuh dening Destarasta supaya milih dhisit salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adine Sengkuni. Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi garwane Raden Pandu.
Saka Dewi Kunthi, Raden Pandu nduwe telung putra yaiku Puntadewa,Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan Sadewa.
Tatkala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahna maneh dening Pandhawa. Perjanjian mau disaksikna Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antara Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug nanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dadi pinengahe pandhawa lan kurawa. Nanging amarga kabeh macem rembugan ora nggawa hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala kurawa lan wis mesti Negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis rampung kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka Ngastina lan nyepi(tapa) ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.



=======================================================================================

Cerita Wayang Karno Tanding 

          

Dicritakake ndisik ana putri kang ayu , sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi  nikah karo Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge  “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, KARNA . Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi  sayang banget marang  Arjuna ,  ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire Karna milih ngaleh saka Kerajaan Pandhawa.
Sak wise pirang-pirang tahun Karna kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing sawiding dina , pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu , kakrungu swara bocah enom suarane kaya Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.
Akhire , peperangan antara  Arjuna  saka kesatrian Madukoro dadi  Ksatria perang Negara Amarta melawan Adipati Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara Astina.
Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak saka  Arjuna, Amergo  pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.
Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan sampek mati . Sak wise, Mase Semar nemokake mayit Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kangge mbinasakake Ngastina.  Sak wise ngerti  katiwasan putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing ngantikake Abimanyu.
Karna nantang Arjuna kangge  ndang perang. Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke ngerti Karna iku sadulur kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging  Arjuna nolak ngge perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna  saling kapelukan. Karna sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa seneng.
Nanging Karna nguculake pelukanne, lan nuduh Arjuna sekongkol arep menusuk dheweke saka mburi. Akhire Karno lan Arjuna berkelahi hebat , ibune menangis ngaharep kaloro putrane iku mandekake kagelutan iku. Akhire Arjuna terjatuh. Arjuna sengaja ngalah demi Ibune, lan ngaharep atine Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurowo ngguyu cekakakan  amergo Arjuno kalah.
Nanging kagelutan iku tetep sido, Sampek - sampek saya memanas. Wektu peperangan kalakon hebate ana keanehan loro ksatria sing pinter manah iku pada-pada ngetokake akeh anak panah nanging ora enek siji wae sing ngenei kaloro-lorone. Kadang mandek terus pada pepandang, pada netesake banyu mata. Prabu Salyo(Kusir Karna) lan Prabu Kresno (Kusir Arjuna)kalorone ngerti, kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega mateni sampek ngloroni sitik wae dadi ora enek  sitokae panah pas sasaran.
Wektu sesino pada saling tempur, saling ngetokake senjata saktine, saling ngudanke panah nanging ora enek sitokwae sing ngeneki awak. Prabu Kresno dadi kusir Arjuno lan botohe Amarta (Pandawa) ngerti persis senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuno. Dadi Tali kusir jaran disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa sing awale diarahke mung ning ngarep Karno nanging amergo kereta gerak mangarep dadi Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarno utawa Karna. Anak Dewa Surya iku mencelat kenek kereta sampek kereta ajur.  Kaweruhan kabehiku Dewi Kunthi utawa ibune Karno lan Arjuna, ngerti yen anake kang pertama iku kabener lunga kanggo salawase.


EmoticonEmoticon